Cerita Bahasa Jawa legenda Situ Begendit Jawa Barat -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

19 Februari, 2015

Cerita Bahasa Jawa legenda Situ Begendit Jawa Barat

Loading...

Kumpulan cerita bahasa jawa. Sugeng ndalu rencang sedaya, pada kesempatan malam ini kita akan menyimak cerita bahasa jawa legenda yang berasal dari Jawa Barat dengan judul Legenda Situ Begendit. Bagaimana kisah tersebut dapat kita simak di bawah ini.

Ing jaman riyen gesang satiyang randha ingkang sugih, kanthi asma Nyai Bagendit. piyambakipun tilar ing setunggal dhusun daerah Jawi kilen. Nyai Bagendit nggadhahi banda ingkang berlimpah ruah. Ananging piyambake pelit sanget uga tamak. Piyambakipun ugi sombong sanget dening wong kere.

Saktunggaling dinten Nyai Bagendit ngawontenaken wilujengan amargi bandanipun minggah kathah. Nalika wilujengan punika kawiwitan, dughi satiyang pengemis. kawontenan pengemis punika mrihatinke sanget. Awakipun kurus sanget uga rasukanipun compang-camping mboten karuan. 

“tulung Nyai, paring kula sekedhik maeman,”pengemis punika nyuwun dateng Nyi Bagendit. Ningali pengemis sepuh ingkang reged uga compang-camping mlebet datheng griyanipun,Nyai Bagendit duka uga ngusir pengemis saking griyanipun. 

“Pengemis reged ora ngerti isen, lungo kowe saka omahku,” getak Nyai Bagendit. 
kaliyan sedhih pengemis punika banjur kesah. 

(Selanjutnya Cerita bahasa jawa legenda) Wonten esok dintenipun masyarakat dipunribetaken kaliyan muncule biting ingkang nancep ing radin (mergi) dhusun. 

Sedaya tiyang ngupados njebol biting ingkang nancep punika. Anangig, mboten enten ingkang saget. 
Pengemis sepuh ingkang nedha tedha ing Nyai Bagendit muncul malih. Kanthi gelis piyambakipun saged njebol biting punika. Saknalika medal pancuran toya ingkang banter sanget saking tipak biting kang nancep kui mau. 

Soyo dangu toya punika soyo banter lan amba. Amargi ajrih kebanjiran, penduduk dhusun punika ngungsi ing wilayah sanes kang langkung nduwur. Nyai Bagendit ingkang kikir uga tamak mboten kersa ninggal griyanipun. Piyambakipun tresna sanget marang bandanipun. Pungkasane, piyambake klelep sareng kaliyan banda-banda ne. Saking kedadean menika banjur tlaga kang wonten daerah setempat pun arani situ menika diparingi nami Situ Bagendit.

Semoga artikel singkat cerita bahasa jawa legenda di atas dapat kita jadikan hiburan sekaligus pelajaran mengenai sifat dan sikap kita dalam menjalani kehidupan bermasyarakat. Semoga bermanfaat.