Cerita Rakyat Bahasa Jawa Kedadean Gunung Merapi -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

20 Februari, 2015

Cerita Rakyat Bahasa Jawa Kedadean Gunung Merapi

Loading...

Sugeng ndalu rencang sedaya. Pada malam yang syahdu ini kita akan menyimak cerita rakyat bahasa jawa dengan judul “kedadean gunung merapi”. Kisah ini merupakan kisah legenda yang berasal dari Jawa Tengah. Bagaimana kisah tersebut monggo kita simak bersama.

Ing jaman dhikik, pulau Jawa durung akeh daerah sing dihuni manungsa. Akehan wilayahe yaiku alas gung liwang-liwung sing dihuni saka para lelembut lan kewan liar. Kaanan pulau Jawa ing wayah kuwi miring, sehingga ngawatirke makluk kang urip ana pulau Jawa. Namung ana setitik panggonan kang bisa dihuni saka sekelompok manusia sing urip kanthi nggerombol lan dhemen ngalih-alih amarga keganasan alam lan mungsuh. 

Para penghuni pulau Jawa iki ora ngelingi yen lemah sing dekne kabeh panggoni kuwi sabenere miring, dadine ana kekuwatiran arep longsor lan angslep ana segara kidul. Sing meruhi kaanan iki yaiku para dewa neng kayangan sing peaduli kelangsungan urip para penghuni pulau Jawa wayah kuwi. Para dewa neng kayangan akhire sepakat kanggo nggawe supaya pulau Jawa ora miring, dadine para penghunine bisa kembang biak lan tambah maju peradabane. 

Rasa wedhi sing pada dirasakake mesti wae ora bisa disingkiri meneh. Ora mung menungsa sing keweden ning para penghuni liyane klebu binatang uga mlayu amerga saking wedhine. 

Selanjutnya cerita rakyat bahasa jawa nyritakae para dewa. Para dewa banjur ngrembug meneh kanggo nentoke pengimbang kang bakal diselehna neng tengah pulau kuwi. Para dewa mutusake bakal nggunakne gunung Jamurdwipa sing terkenal banget kanggo makhluk-makhluk gaib lan dhuwur banget. Para dewa banjur njaluk ijin marang penghuni gunung Jamurdwipa supaya cepet ngalih saka panggonan kui, amarga gunung sing dekne kabeh panggoni arep dialihake menyang tengah-tengah pulau Jawa. 

Saka lokasi kang wis ditentoke sakjroning rembugkan, jebulna dihuni  menungsa loro sing lagi tandhang gawe neng tengah alas gung liwang-liwung. Wong loro kuwi tenyata empu sing lagi nggawe keris. Para dewa banjur ngongkon Dewa Panyarikan lan Batara Naradha sekalian para prajurit kanggo ngandhani marang wong kuwi ben cepet ngalih amarga panggone arep didokokake gunung Jamurdwipa. 

Bagaimana kisah selanjutnya cerita rakyat bahasa jawa bisa kita simak di bawah ini.
Para utusan dewa kuwi mau pada gumun ndeleng empu sing pada lagi nggawe keris tanpa alat. Empu kuwi lagi nyampur werno-erno bahan logam lan amung nganggo tangan kosong dekne kabeh nggunake epek-epek lan driji kanggo mbetuk lan ngukir campuran logam kuwi nganti atos. 

Pagawean empu nang wayah kuwi mesti wae ora bisa disela amarga merloake konsantrasi dhuwur kanggo ngolah logam kuwi. Para utusan dewa banjur nunggu, lelehan wesi kuwi banjur digebug-gebug lan diurut-urut para empu kuwi mung kanthi tangan. Lan sing luwih nggumunake meneh lelehan logam kuwi katon abang murup dadi mawa ning tangan para empu kuwi ora kobong sethithika wae. 

Pagawean empu kuwi sabenere durung rampung nanging amarga ana dawuh penting, mula gaweane dindhegke sawentara lan memoni dawuh saka kayangan kesebut. Empu kesebut banjur ngenalake piyambake sing sijine nduwe jeneng Mpu Permadi, sing sijine meneh nduwe jeneng Mpu Rama. Sakwise padha ngenalake piyambake lan wawan pangandikan, akhire Batara Naradha lan Dewa Panyarikan ngaturke kekarepane.

Batara Naradha ngaturke kekarepane, yaiku nyaranke supaya para empu mau cepet pindah saka lokasi kuwi amarga arep didelehi gunung gedhe sing bakal digunakne kanggo nyeimbangke pulau Jawa sing lagi miring. Batara Naradha nggamblangna babagkan kedadeane gempa lan kaanan pulau Jawa sing ngawatirke banget lan ngarepke supaya Empu kuwi gelem ngerti lan nuruti kekarepane tanpa ana alangan. Ora lali Dewa Panyarikan ugo nggamblangna pentinge pagawean kuwi kanggo keterasan urip para penghuni pulau Jawa. 

Dalam kisah cerita rakyat bahasa jawa selanjutnya mengisahkan kedua Mpu yang tidak mau memenuhi perintah Dewa.
Mpu Permadi lan Mpu Rama bingung lan padha delengan. Katon saka raine kaya ora gelem nuruti kekarepan para dewa amerga para empu kuwi nduweni kepentingan panggawean sing durung rampun mau. Lan jebulna loro empu kuwi ora gelem nek kudu ngalih panggonan, sakwentara pagawean nggawe kerise lagi wae dimulai lan kudu dirampungke ana lokasi kuwi. Para Empu kuwi ngaturke yen panggawen kerise kuwi mau ora rampung  kanthi sempurna maka bakal nekakake lelakon kanggo manungsa, mula dekne kabeh njaluk kudu nunggu nganti gaweane rampung. 

Para utusan Dewa nduwe pemikiran yen penggawean iki yaiku perkara sing bersifat penting, dadine menawa kudu nggunakne peperangan bakal  dilakoni dheweke. Para utusan Dewa kuwi ora leren-leren njelaske menawa tugas sing digawa iku kanggo keterasan urip umat neng pulau Jawa. Ning para Empu kuwi uga tetep nang kekarepane, nek pangerjan keris kuwi ora sempurna uga arep nekakake lelakon kanggo manungsa. 

Amerga ora ana pihak sing gelem ngalah kahanane tambah dadi ora karuwan. Merga alasan sing penting banget, mula para utusan Dewa banjur nggunakne peperangan kanthi ngerahke kabeh prajurit pengawale kanggo nyerang empu kuwi. Ananging mergo kasekten saka para Empu mau mula kabeh prajurit bisa dikalahake kanthi entheng.

Saiki kari ana papat yaiki utusan Dewa lan 2 empu, dekne kabeh adhep-adhepan lan kedadeana duel siji mungsuh siji. Duel iki katon imbang antara siji lan sijine nganti gawe panggonan sekitare pada bosah-baseh, akeh watu pada mambur lan ajur dadi awu, wit gedhe-gedhe ambruk lan keluk utawa kebul mumbul. 

Bagaimana kisah cerita rakyat bahasa jawa selanjutnya simak di bawah ini.
Batara guru banjur menehi titah marang Dewa Bayu kanggo menehi pelajaran marang Mpu Rama lan Mpu Permadi. Dewa Bayu dikongkon supaya cepet ngalihake gunung Jamurdwipa kanthi di damu. Batara guru ora praduli karo kaslametan empu kuwi amarga wis ngelehke para dewa lan mbahayake kaslametan umat manungsa. 

Dewa Bayu banjur mangkat menyang segara kidul. Kanthi kasaktene, Dewa Bayu banjur ndamu  gunung kuwi.  Damuan Dewa Bayu sing kaya angin topan gawe gunung Jamurdwipa mabur nganti tekan langit banjur tiba pas neng panggonan empu kesebut. Mpu Rama lan Mpu Permadi sing ana ing panggon kuwi melu ketindih gunung Jamurdwipa nganti mati saknalika. Banjur roh para empu kesebut ora bisa katampa neng suwargo lan dadi panunggu gunung kuwi. 

Senajan Mpu Rama lan Mpu Permadi sing sakti kuwi wis mati ketindihan gunung, nanging kasektene ora luntur. Bakal keris sing isih proses mau isih murup lan ora bisa dipateni kajaba saka empu sing wis mati kesebut malah keris kui mau terus-terusan murup lan dadi kawah ana ing tengah gunung Jamurdwipa. Amerga awale panggonan gunung iki yaiku kawujud api utawa geni mula para dewa ngganti jeneng gunung Jamurdwipa kanthi jelukan Gunung Merapi.

Cerita rakyat bahasa jawa di atas merupakan legenda yang mengisahkan kejadiaan gunung berapi yang ada di daerah yogyakarta dan jawa tengah. Semoga dapat menghibur.