Cerita Rakyat Nyi Roro Kidul Dalam Bahasa Jawa -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

10 Februari, 2015

Cerita Rakyat Nyi Roro Kidul Dalam Bahasa Jawa

Loading...

Sugeng ndalu sedulur kabeh. Sebagaimana yang kita ketahui Indonesia memang terkenal akan kekayaan budaya dan keseniannya. Di antara kebudayaan kita telah mengenal yang namanya dongeng, legenda, cerkak, cerita cekak, sange, dan lain sebagainya. Di bawah ini kami akan bagikan sebuah contoh cerita rakyat Nyiroro Kidul dalam bahasa jawa. Selamat menyimak.

Ana sawijining wektu nalikane Kerajaan Pajajaran kanti Raja Prabu Siliwangi anduweni cerita kang mbungahake marang sekabehe wae kang pada sinau bab sejarah Prabu Siliwangi. Raja ana ing tlatah Pajajaran iku ora mung nduweni permaisuri ananging ugo nduweni selir kanti cacah 7 wanita kang ayu.

Singkat cerita Prabu Siliwangi anduweni keturunan saka permaisuri kang awujud bocah wadon kanthi jeneng Putri Lara Kadita kang tegese wong wadon kang ayu (wanita yang cantik jelita). 

Sawise Putri Kadita nambah umur lan katon bocah wadon kang ayu soho welas asih marang sepodho-podho banjur para selir ngroso iri lan wedhi yen piyambake pada kasisihna saka welasane Prabu Siliwangi. Para selir kang cacah pitu mau pada rerembugan kanggo anggawe ciloko permaisuri lan putrine yoiku Putri Lara Kadita.

Putri Lara Kadita lan ibune digawe santet saka para permaisuri Prabu Siliwangi kanthi wujud loro kulit ana ing sekabeh awak lan rai. Ana ing pengaruh sihir para selir ugo Prabu Siliwangi akhire ngusir Putri Lara Kadita lan Ibune saka keraton Kerajaan Pajajaran mergo kuwatir yen penyakit Lara Kadita lan Ibune dadi nyebar lan nular ana ing tlatah keraton.
legenda-nyi-roro-kidul-bahasa-jawa

(Dalam kisah cerita rakyat Nyi Roro Kidul dalam bahasa jawa akhirnya Lara Kadita meninggalkan kerajaan Pajajaran)

Ana ing kahanan iki, Putri Lara Kadita lan ibu tindak tanpa ana tujuan kang jelas. Diceritakake permaisuri tilar donya ana ing pengembaraan, sawentara Putri Lara Kadita nglanjutake lakune menyang sisih kidul nganti teka menyang gunung ing pinggir segoro. Amarga kesel banget, Putri Lara Kadita ngaso lan keuron ana ing gunung pinggiran segoro.

Wektu tilem piyambakipun ngimpi ketemu karo "Wong suci" sing maringi pitutur supaya putri ngresiki awake dening nyemplung menyang segara kanggo njaluk marasake awake saka penyakit, ugo mulihake rupa ayune, saha kanggo nduweni kekuatan ampuh kanggo males wong kang anggawa uripe dheweke sengsara kaya mengkono.

Nalika tangi, tanpa mangu Putri Lara Kadita Langsung ambyur menyang tengah segoro kanti ombak kang gedhe, lan nglelebke nganti dhasar saka Segoro Kidul. Ngimpi dadi kasunyatan. Saliyane mbalek maneh fisik ayune, Putri Lara Kadita uga diwenehi kakuwasan adikodrati lan pati. Nanging, putri kudu tetep mbaureksa ana Segoro Kidul. Wiwit iku banjur diarani minangka Nyi Roro Kidul dumugi nganti tumeka saiki.

Di atas merupakan salah satu contoh legenda, dongeng, ataupun cerita cekak dengan tema cerita rakyat Nyi Roro Kidul Dalam bahasa jawa. Semoga cerita cerkak di atas bermanfaat buat sedulur semua baik dalam belajar maupun sekedar sebagai pengetahuan umum tentang dongeng, sange, legenda, cerkak dalam bahasa jawa. Terimakasih dan jangan lupa komentarnya.
Update: Artikel di atas dapat Anda download melalui link ini.