Cerkak Bahasa Jawa Hari Pertama Masuk Sekolah -->

Blog yang berisikan konten bahasa jawa mulai dari dongeng bahasa jawa, legenda bahasa jawa, cerita rakyat bahasa jawa, cerita wayang bahasa jawa, hingga pidato bahasa jawa, ada juga aksara jawa serta tembang macapat

21 Juli, 2015

Cerkak Bahasa Jawa Hari Pertama Masuk Sekolah

Loading...

Cerkak bahasa jawa ini mengisahkan tentang hari pertama masuk sekolah menengah pertama yang dialami oleh Azzah. Dimana setelah mengikuti pendidikan selama 6 tahun di SD kini tiba saatnya menginjak bangku sekolah baru. Bagaimana cerkak bahasa jawa hari pertama masuk sekolah  yang menjadi pengalaman pribadi Azzah mari kita simak bersama.

Sawise libur lulusan sekolah lan lebaran saiki wis wayahe aktivitas bali koyo awal maneh, yaiku golek ngelmu kanggo sangu urip sing mandiri lan luwih becik tinimbang sakdurunge. Atiku deg-degan banget amergo tahun ajaran baru iki aku wis mulai nuntut ngelmu ana ing bangku SMP. Alhamdulillah senajan biji hasil ujian nasionalku ora sempurna ananging aku bisa ditompo ana ing sekolah favorit kang wis tak karepake kawit isih ana ing SD mbiyen, yaiki SMP Negeri 1 Godean.
cerkak-bahasa-jawa-hari-pertama-masuk-sekolah

Senajan sekolah wis dadi kebiyasaan ugo aktivitas kang rutin kanggo awaku, ananging tahun ajaran baru iki aku ngroso luwih deg-degan, ngerti mergo opo? Iya bener, mergo aku mulai sekolah ana ing SMP sing mestine bakal ketemu sekolah anyar, kanca anyar,bapak ibu guru anyar kanggo aku.
Kawit dina minggu bapak lan ibuku wis pada paring wejangan supaya aku nyiapake kelengkapan kanggo sekolah kaya sepatu,  tas, seragam, ugo alat tulis supaya dina pertamaku mlebu sekolah tahun iki ora keteteran.

Tulisan cerkak bahasa jawa hari pertama masuk sekolah iki sengaja tak tuliske ana ing kene kanggo pangeling-eling yen aku tau ngalami pengalaman pribadi kang gawe ati seneng ugo deg-degan.
Waos Ugi: Cerita Plesiran Bahasa Jawa Liburan Sekolah 2015
Dina pertama masuk sekolah kawiwitan dina senin, sing diwiwiti kanthi upacara bendera. Senajan aku durung kenal karo kanca-kanca anyarku ananging mergo wis dipandu dening bapak ibu guru ugo kaka kelas 8 lan 9 barisan upacara kathon rabi lan nyenengake.

Sawise bubar upacara bendera murid anyar kelas 7 diparingi pengumuman supaya tetep ana ing halaman sekolah kanggo ngrungokake pengumuman kegiatan kang kudu pada dilakoni ana ing Masa Orientasi Siswa utawa sering disingkat MOS.
Waos Ugi: Cerita Wayang Mahabarata Bahasa Jawa Lengkap
Mengkene cerkak bahasa jawa dina pertama masuk sekolah kang tak alami, senajan ora lengkap lan dowo muga ana manfangate tumrap para kanca kabeh.